Kamis, 20 Mei 2010

Gong muni tinabuh

Gong muni tinabuh, iki mujudake paribasan kang duwe teges wong kang gelem muni,kersa ngendika, yen ditakoni,disuwuni priksa. Mangka wong mau sajane mujudake wong kang duwe kaluwihan. Pancen ya njaluk ditakoni.
Mesthine uninga, gong kuwi salah sijining saka kumpulang gangsa sapangkon, kang panabuhane ora kepyek kaya gender apa saron. Mung saate yen tiba gong. Kaya dene pungkasane. Mula kedawaning gunem apa apa kang tiba urutan keri dhewe,banjur diarani dienggo gong.
Nanging sok ana lelakon kang gawe anyel yen sing nabuh gong mau ngantukan. Merga ngantuk bareng saate pas gong, ora muni, cempa dadine lagu mau, mesthine dadi bingung niyaga liyane. Jebul sing nabuh gong keturu.
Pancen ana madyaning pasrawungan kita sok digawe kecelik dening kahanan. Lha priye katone priyayine mau ora sepiraa. Tetela bareng ngendika, lan digelar pribadine, jebul wis njara langit pintere.
Pancen akeh priyayi sing pinter, nanging ana madyaning pasamuan, ora ngatonake kepinterane. Mung bareng ditabuh jebul nengsemake pangandikane.
Mula bener piwelinge priyayi sepuh. Wong kuwi luwih becik meneng. Ora preku ngongasake dhiri. Bebasan 'pari saya isi saya ndhungkluk' ora ndengangak mamerake dhiri.



2 komentar:

  1. Blog'e asri, adem, lan jowo banget..
    salam knal ya may.. aku suka sama tulisanmu sing ngaggo basa jawa. ;)r

    -salam skolioser-

    BalasHapus
  2. Matur nuwun.... Salam skolioser!!! Hehe

    BalasHapus

Kula aturi absen rumiyin...