Sabtu, 23 April 2011

Durung Titniba Titi Wancine

“Mbak Mar, ayo cepetan!” swarane adhiku saka jaba sinambi mlayu mlebu. Aku mrepegi playone adhiku sing lagi kelas lima SD. Yen wis ngono kuwi biasane njuk nglendhoti. Bocah siji iki pancen manja karo mbakyune, beda yen lagi karo ibune ra tau nglendhoti. Sajak bungah tenan yen lagi karo aku, nganti mau esuk wae luwih milih melu aku tinimbang melu bapak ibu menyang daleme simbah ing Salatiga. “Mangkeh, mbak Mar tak-nata buku iqra’ riyin. Nek kesusu Iva mantuk riyin,” ujarku. “Tenan, Mbak?? Aku mantuke bareng Dika karo Ratri ya, mbak!” Dhik Iva nyawang aku sumringah. Aku mung manthuk-manthuk. Bocah wadon sing nganggo jilbab kuning kuwi banjur mlayu metu nututi kanca-kancane sing wis tekan lurung. Pancen wis biasane Iva menyang-mulih saka mejid tekan ngomah bareng kanca sabarakane. Paling mengko ya mampir cakruk kulon ngomah dolanan gathengan, bekelan, apa dam-daman, apa katut Ratri bali.

Sawise aku nata sakabehane, aku banjur metu, nutup lawang serambi mejid. Pancen sengaja ora tak-kunci merga mengko isih dienggo jamaah maghriban. Lakuku tumuju pit ana latar kang dikebaki suket jalaran wis suwe ora ana kerja bakti. Nalikane aku lagi arep nggenjot pitku, kedadak ana swara ngundang jenengku. “Dhik Mar, apa lali marang janjimu wingi?”. Swara kuwi ora asing kanggo aku. Tak-toleh saka ngendi asale swara priya mau. Jebul nang mburiku wis ngadeg jejeg Mas Gun nyawang aku sajak ngrarep-arep samubarang sing wis suwe dianti-anti.

“Apa lali marang janjimu wingi?”, Mas Gun mbaleni ukarane. “DiSMS ora mbales, ditelpon ora diangkat,” Mas Gun nyawang aku sing isih mangkring ndhuwur sedhel. Aku mudhun, nuli nuntun pit ditututi Mas Gun ana sisihku. Aku durung bisa mangsuli pitakonane priya saka sabrang kali sing sewulan kepungkur medharke pangrarepe marang aku. “Mas, kok ngertos menawi kula ten ngriki?” pitakonku. Rekane mono kanggo ngenggokke topik pembicaraan, nanging ya gandheng wong ndregil ora kalah sugih akale saka aku. “Mergane saka jroning ati sajero-jerone nyasmitakake yen kowe lagi mulang ngaji,” wangsulane eram nyawang aku. Sajatine atiku gumuyu krungu rayuan gombal mangkono kuwi, nanging aku tetep meneng wae tanpa ekspresi, kabeh isining ati tak-pendhem jero banget. “Mau aku wis teka ngomahmu, ketemu ibumu, ora kaya sewulan kepungkur dhek aku ora panggih ibumu,” priya sing biyen dadi kanca kerjaku nang percetakan buku kuwi neruske wangsulane.

Jenggirat. Aku kaget kepati. Mas Gun ketemu ibu? Mendah kaya ngapa dukane ibu, ibu nate ngendika, “Mar, sesok Minggu Bu Warsih arep mrene nggawakke biodata priya sing arep dikenalke karo kowe. Aku percaya karo Bu Warsih, pria kuwi mesthi pantes kanggo kowe,” ngendikane ibu telung dina kepungkur isih ana ing kupingku, iki dina Setu ateges sesuk esuk Bu Warsih tindak ngomah kene. Mas Gun nuli nyekel stang pitku, merga aku kedadak mandheg. Aku isih meneng wae nalikane pitku dienggokke mandheg nangarep cakruk, kamangka omahku ana sak-wetane cakruk keletan kalen cilik.

“Mrenea, Dhik. Aku arep kandha,” Mas Gun lungguh ana sak-empere cakruk. Tanpa swara aku ngestoke kersane Mas Gun, aku lungguh rada adoh saka lungguhe Mas Gun. “Iva kok boten ten ngriki nggih, Mas,” aku nyoba nywara. “O, dhik Iva mau ncen dolanan neng kene, weruh aku teka banjur mlayu bali. Sajake Iva kesenengen takgawakke oleh-oleh gulali,” Mas Gun nyritakke. Aku mung mesem. “Ibu wau ngendika napa, mas?” pitakonku. Mas Gun gedheg-gedheg,”ora ngendika apa-apa, mung matur nuwun oleh-olehe, terus..”. Durung tutug anggone mangsuli, aku ora sranta takon, ”terus napa?”. “Ya terus aku takon kowe nandi, njuk aku pamit nggoleki kowe nang mejid,” Mas Gun njlentrehake. Aku meneng. Apa ibu ora ngerti yen priya sing tak-karepke jroning udarasaku wingi ora liya ya Mas Gun iki? Kamangka ibu ngendika yen sesuk ana priya sing nggoleki aku sakdurunge aku tepung karo Mas Wawan, ibu bakal nglarang. Ibu wis mantep karo priya pilihane Bu Warsih sinaosa durung weruh praupane.

“Dhik Maryam, sajatine nang jero atimu ki ana aku ora?” lembut swarane Mas Gun saya ngubag-ubag rasane jero dhadhaku, saya ra karuan. Aku ora wani nyawang Mas Gun, mung wani ndhingkluk nyawangi tasku sing isine kertu ngajine bocah-bocah karo amplop siji. Tanganku ngelus-elus tas nang pangkonku. Mas Gun nyedhak lungguhku. “Kandhakna sing satemene, apa sing tok-rasakke. Yen kanggoku gawe gela, aku ora bakal nesu. Yen kanggoku gawe lega, aku ya ora bakal kesusu,” Mas Gun nlesih aku.

Aku tetep ndhingkluk. Mripatku mbrambangi. Mbuh saka ngendi critane, aku isa-isane nangis nangarepe Mas Gun. Tasku nganti lujrut tak-plintir-plintir. Aku ora nyangka yen Mas Gun bakal temenan nagih jawaban tembunge sewulan kepungkur. Atiku dadi gojag-gajeg gek sida gek ora arep matur bab perkara sing taksimpen nang jero ati iki marang Mas Gun. Yen perkara iki takaturke, aku kuwatir Mas Gun bakal nelangsa atine. Nanging yen ora takaturke, aku uga bakal ora tenang. Dina iki wis tekan janji. Upama wong utang ngono wis wancine nyaur, upama wong nyilih ngono wis wancine mbalekke, upama wong nandur ngono wis wancine ngundhuh. Pancen dina iki mujudake dina sing ora gampang kanggo aku. “Menawi kersa, nengga sewulan malih, Mas, bakal kula jawab. Kula nembe nyamaptakake ujiane murid-murid” unine SMSku nalika biyen Mas Gun nembung pengen dadi sisihanku. Nalika kuwi ibuku wis nduwe rencana ngenalke aku karo Mas Wawan.

“Mas..” aku ngudari mingsekke napasku. “Nyuwun pangapunten,” aku neruske ukaraku sinambi ngulungke amplop marang Mas Gun. “Kula pun siap menawi njenengan badhe duka, estu kula boten saged ngestokake kersane njenengan,” swaraku alon lirih karo ngulapi luh kang netes ana pipiku. Mas Gun gage mbukak amplop kuwi banjur maca isine. Mak-pleret, pasuryane Mas Gun kedadak alum tanpa swara. Saikine manungsa loro nang cakruk iki padha-padha sedhihe, gara-gara layang sing ana jero amplop kuwi, ora liya layang saka Bu Warsih sing isine pangajabe Bu Warsih aku bisa bebrayan karo sedhereke.

“Aku ora nyangka yen wiji tresna sing tak-uwur, tak-siram, tak-jaga saben dina sasuwene telung taun iki bakal pungkas ngene iki. Aku wis sabar nunggu, nyimpen sakabehane, merga aku ngerteni yen kowe ora kaya kenya-kenya liya, aku ora nempuh dalan pacaran merga kuwi wujud tresnaku, Dhik. Apa iki kekarepanmu, Dhik?” Mas Gun ngudhari isi ati kang ditaleni sasuwene telung taun sadurunge aku metu saka percetakan merga ditampa dadi guru SD nang desaku. Pancene Mas Gun wis nate nembak aku, nanging aku blaka yen aku ora gelem pacaran, aku pengen sesuk wae langsung nikah. Sanajana sajatine aku ya kesengsem marang priya sing sopan, prigel, grapyak lan sregep sholat kuwi, nanging aku tetep njaga awakku supayane sabar ora kagodha, merga ngendikane ibu kasmaran sing kepati durung tiniba titi wancine kuwi bakal mbundhetake pikir. Kuwi mono panyangkane ibu, nanging aku ya manut wae karo ngendikane ibu.

“Umurku pancen pun ngancik wayah dhawah jatukrama, kepara kanca-kanca malah pun kagungan momongan. Nanging kados pundi malih, Mas, Gusti Allah ngersakke margi sanes kangge kula lan njenengan. Ibu nepangake kula kalih Mas Wawan, sedhereke Bu Warsih tangga ler ndaleme simbah ing Salatiga. Bu Warsih niku kanca celak ibu kula wiwit alit. Kula boten saged nentang kersanipun ibu,” aku wiwit bisa crita. “Estu kula ugi gadhah menapa ingkang njenengan ....” ukaraku ora taktutuge nalika keprungu swarane Iva bengak-bengok.

“Mbak Mar, digoleki ibu,” Iva mbengok saka lurung, banjur lunga maneh karo kanca-kancane dolan. Biasane jam limanan ngene iki Iva dolan ana ngomahe Ratri cedhak mejid sisan mengko maghriban. Gage aku menyat nuntun pit. Mas Gun melu nututi aku, polate bingung kaya dene polatanku. Ana apa karo ibu.

“Assalamualaikum,” uluk salamku sinambi njranthal mlebu ngomah. “Enten napa, Bu?”, aku langsung lungguh sisihing ibu ing ruang tengah. Mas Gun ora melu mlebu, mung nunggu nang teras. Mas Gun ngrumangsani yen dheweke kuwi tamu sing ora kena melu campurtangan ngono wae. “Gunarto ngendi? Undanga mrene,” suwun ibu karo nyawang aku kebak welas asih. Aku bingung, aku kawatir yen ibu bakal ndukani Mas Gun, apa sisan karo ndukani aku. “Wis gek ndang...kon mlebu,” ngendikane ibu sajak ora sranta. Aku mlaku tumuju teras, “Mas, ken mlebet,” ujarku. Mas Gun ngerteni soroting mripatku sing sasmitane aku kawatir banget.

“Ngene, Mar, Ibu arep crita. Nalikane ibu sowan simbah mau ibu ketemu karo bulike Wawan. Kebeneran ketemu, ibu nyuwun biodatane priya kang arep dikenalke karo kowe, dadi sesuk piyambake ora usah merlokke mrene, ” ibu mandheg anggone crita, banjur mbukak lempitan kertas cilik ana ndhuwur meja. Aku karo Mas Gun mung sesawangan. “Iki, wacanen,” pakone ibu. Aku tumuju meja, kertas cilik kuwi tak-waca. Mripatku kang mau lagi wae mari anggone mbrambangi saiki mbrambangi maneh. Rasaku campur-campur rakaruan. Aku kaget, aku bingung, aku ora percaya. “Iki fotone,” ibu ngulungke foto priya kang arep dijodhohke marang aku. Aku kepengen semaput nalika aku weruh sapa sing ana nang foto kuwi. Aku nyawang Mas Gun sing isih meneng wae nang kursi sing rada adoh. “Mas Gunarto Setiawan, Mas Wawan..”, swaraku lirih. Mas Gun rada bingung polatane, banjur nyedhak lungguh ana sisihku.

“Wis takrestoni, ndhuk, muga Gusti Allah paring dalan rancak lancar. Jebul Wawan sing dikarepke Bu Warsih kuwi ya Gunarto iki. Mau nalika Gun iki teka, ibu wis ngerti kabeh. Wawan kuwi undang-undangane nalika isih cilik, Wawan pindah omah melu wong tuwane nang Bantul mila Bu Warsih jarang ketemu. Bu Warsih uga durung taren marang Wawan perkara jejodhohan iki. Merga manut critane Bu Warsih, Wawan iki bocahe ora gampang kepencut,” ibu ngelus-elus jilbabku. Mas Gun ya Mas Wawan bungah, soroting mripate katon sumunar lembut nyorotke tresna kang wis meh wae kapungkas. Tangane reflek arep ngruket aku, nanging aku malah ngruket ibuku. Mas Gun mesem sajak isin sinambi mundhur. “Durung tiniba titi wancine, ngger,” ngendikane ibu.

Adzan maghrib wis kumandang. Aku, Ibu, lan Mas Gun menyang mejid saperlu maghriban. Dhik Iva uga menyang karo kanca-kancane. Bapak wis kawit mau ana mejid, merga bapak kalebu takmir sing ngurusi mejid. “Allahu Akbar”, swarane bapak mertandhakke sholat kawiwitan. Dongaku muga yen wis tiniba titi wancine Mas Gun uga bakal kaya bapak ing ngarep kae.




Diterbitkan di JAYA BAYA Edisi 32 Minggu II April